Jumat, 20 Juni 2014

NOVEL WONOSOBO

"Cewek? Penting ra si jane?"

Wayah wengi lebar maghriban, HPne nyong ana sms, tak deleng tak waca nemen-nemen jebule sekan kancane nyong, lanang, jenenge Eka.

"Khas, d.e nengndi? Ketemuan bisa ra?". Isi sms sekan eka.

"Nyong neng sambek ka, ana apa? Nek sesok wae piye? Nyong mengko mbengi ngaji soale". Tak balesi mengkenen.

"Yo sesok rapopo, nyong wis suwi ra ketemu d.e, pengen nraktir maem, nengndi enak.e? Sekalian curhat sharing-sharing". Waah lumayan, eka pan nggratisi makan-makan, haha.

"Emmm, neng bebek goreng H. Slamet wae, ku hurung tau neng kana soale, pige?". Eka tak jak neng warung makan H slamet, sek letak.e ana nang wetan alun-alun sobo.

"Ok, sesok jam 10 ku mangkat rono".

"Ok, fix setuju".

Mbengi kuwi, nyong ra hiso turu, kepikiran piye enak.e rasane bebek goreng sek jare wis terkenal se-kedu mau. Hahaha, ora nding, masak gara-gara maeman wae rahiso turu? Hah. Nyong ra iso turu, sebenere merga kepikiran sms.e Dyah Ayu Dzahira Putri (maer timen jeneng.e ya? ), bener, kuwi zange nyong.

"Mas, ngenjang onten wekdal mboten? Bantu adek nggarap tugas saged mboten mas?". Kuwi sms.e zange nyong.

"Ngenjang jam pinten dex?". Takon.e nyong.

"Ngenjang kan adek wangsul gasik, naah sekitar jam 11 saget mboten mas?".

"Emmm, cobi ngenjang nggeh dex, mas ngabari meleh, ok?". Nyong gek bingung, kan nyong ya ana janji ro kanca akrab.e nyong, wah galau kiye.

"Oh, nggeh mas, ok, Makasih mas, love you ". Manjamu nambah galau rasane.

"Ok, sama-sama, love you too sayang ".

Nganti jam setengah siji, nyong hurung bisa turu, nyong ngalami amnesia, eh salah maksud.e insomnia, ora hiso turu, nyong kenang gejala 'andilau' (antara dilema dan galau), lha prige? Nyong kudu mileh, pan ketemu karo sahabat apa pacar? Duh gusti, kulo nyuwun pitedah ! , give me answered God ! .

"Mas, mas, bangun mas ! Ayo ke masjid, udah subuh". Parno, adine nyong sek sekamar neng asrama nggugah.

"Oh ya nok, ok". Mboh mau mbengi njuk turu jam pira, sek jelas jam 1 punjul.

Jam 7.30, adek-adek asrama wis podo mangkat sekolah, mung egek nyong tok sek neng asrama. Ternyata nyong egen galau, pan ketemu sapa? Tapi daripada galau, mending bukak netbook njuk nonton korean movie judule Bo-Bu, keren banget.

Nganti jam 9 agi wae mangkat adus, sarapan, njuk siap-siap neng alun-alun.

"Khas, nyong wis nang alun-alun, d.e neng sebelah ngendi?". Sms.e eka neng hp.

"Sek ka, nyong tak mrono". Bar macak dhelok, langsung nyelah motor mangkat neng alun-alun.

Tekan alun-alun.

"hei, piye kabare ka?". Tak dhelok, eka tambah dhuwur wae, pancen wes meh setengah tahun ora ketemu, ora barengan, ngelingi jaman smk mbiyen pol akrab.e.

"Alhamdulillah, lha d.e sehat wae si khas?".

Ngobrol karo eka, kuwe ora biso lepas seko bab 'cinta, karir, masa lalu, masa depan'. Opo maneh wis suwi ra ketemu, jan, san soyo mempeng ceritane .

"Yo, karo maem wae yo khas, wis ngelih ge". Eka ngajak, yo langsung tak setujuni, ndang mangkat neng warung makan.

"Ka, pige kabare d.e karo si nida?". Takone nyong, nida kuwi cewek incerane eka (gebetan).

"Lah, siki mono rasah mikir cewek lah khas, marakke sakit hati tok". Kayane eka gi ana masalah tentang cewek .

"Ah, lha pige? Jare nek cewek kuwi penyemangat hidup kita brow?".

"Tapi kadang cewek ke njelei ogh, marakke mangkel tok, wis di pertahanke nemen-nemen, wis ngorbanke jiwa raga, eah malah ra biso ngerteni, nek ngene kiye malah marakke njuk ra biso fokus kuliah khas."

"D.e kurang nganggo trik berarti ka, ke, jare Ronal Frank, si pakar cinta, dewek kuwi dalam memperlakukan wanita harus slow but sure, pelan tapi pasti, dewek rasah mempeng-mempeng banget ngejar-ngejar kana, biarkan kana sek ngejar dewek, naah tambah maning ternyata cewek juga ra seneng terlalu dimanja, tapi juga ra seneng nek terlalu dicuekin, dadine dewek mesti nganggo prinsip main layangan, yaiku 'tarik ulur'. Nek d.e mesti terlalu ngoyo berjuang demi kae yow?". Nyong sok-sok keren .

"ah, ho.o juga mboan ya khas, tapi nek menurute nyong, perjuangan iku harus tetep dilakoni jah khas".

"Ya ho.o si ka, cuman ojo terlalu ngoyo, dewek kuwe kudu cuek tapi ora cuek".

"Pige maksud.e kuwi?".

"Maksud.e dewek kudu ngenei perhatian tapi aja terlalu lebay, dewek kudu rada ngenthol (sok jual mahal/jaim) titik".

Lagi asyik-asyike ngobrol, eee hp.ku muni, ana sek telfon.

"Hallo, mas, mas pun teng pundi? Saget kan mas, ngrencangi adek?". Ya Allah, ternyata nyong klalen, ana janji karo Dzahira.

"Oh nggeh dek, adek teng pundi?".

"Kulo taseh teng ngajeng sekolahan mas".

"Oh nggeh, mas sekedap melih mriku".

"Ok, tak tenggo nggeh".

Waah pige kiye? Milih sahabat apa pacar yow?

"Ka, nek menurute d.e, luwih penting sahabat apa pacar?".

"lha ngapa si?".

"ya jawab wae! Sek lebih didahulukan sek endi?".

"Ya, nek menurute nyong mending pacar, soale nek pacar ke kadang hurung mesti bisa ngerteni dewek, tapi nek sahabat walaupun dikerekna kepentingane, tetep bisa mahami khas". Jawabe eka, ora ngerti padahal pertanyaan kuwe gawe njebak deknene, mengko wis ra biso ndebat pas ku ninggal deknen.

"Ok, ya wis, ku tak ngancani zange nggarap tugas set ya, ngapuro de.e tak tinggal, ngati-ngati nek pas mangkat neng jogja sesok".

"ah, asem hurung rampung ki ceritane !".

"Wis gampang sesok neh, jare de.e luwih penting pacar daripada kanca, haha bye bye, oh ya, siji neh, aja klalen bayarke maeme ". Jawabku karo lunga ninggal eka, mangkat njemput ayang Dzahira sek pan neng perpus nggarap tugas .

#Ngapuro_ka "Wanita adalah jiwa yang tanpanya pria tak bisa hidup"

Tidak ada komentar:

Posting Komentar