Jumat, 20 Juni 2014

CERKAK JAWA

"Manunggal ing Ati"

Suworo nada telepon kang nangekke aku ing wayah esuk kuwi, anggawe esem ing atiku.

"Assalamu'alaikum , wonten nopo sayang?". Pitakonku ngangkat telponmu.

"Wa'alaikumsalam,Mboten popo mas, matursuwun nggeh, wau ndalu sampun pinarak wonten impenku ". Sliramu kondo yen wengi mau kepethuk awakku ing impenmu, mboh ngopo aku yo tansah raiso turu kepikiran ayu awakmu.

"Inggeh nopo ndugh? Walah njuk menopo mawon niku wonten impen? ". Pitakonku nyenggol nggodo slirahmu.

"Nggeh mboten macem-macem, kados biyasane mung kepanggih njuk ngobrol, sampun."

"Mesti kangen sanget nggeh sayang? Ngantos keimpen."

"inggeh mas, mas kapan kondur tow? Kangeeeen maaas". Sworo manjamu anggawe tambahe greget kangen ing awakku.

"Sakmeniko ugi, mas nggeh kangen sanget leh sayang, nggeh menawi mboten wonten alangan, wulan ngajeng mas wangsul ndugh ". Aku pancen wis ono sak wulanan ora mulih, aku lagi konsentrasi ngadepi ujian semester 4 ku, aku njupuk prodi psikologi ana ing salah sawijining universitas negeri ing kutho pendidikan ngayogyakarta.

"Saestu lho mas, tansah kulo tenggo nggeh. "

"Nggeh insyaallah sayang. "

", nggeh mpun, selamat beraktifitas mawon nggeh mas, adek sayang selalu, semangat nggeh mas ! I love you ".

", Love you too sayang ".

Dyah Ayu Dzahira Putri, tresnamu tansah manjer ana ing njero kalbuku, esem ayumu mbayangi ana ing pikirku, saben wektu aku tansah tresno slirahmu. Aku iseh kelingan nalikane mbiyen pertama kowe ngajak dolan, telung tau kepungkur ana ing 'Taman Wisata Posong', salah sawijining tempat wisata ing tlatah Temanggung, persise ana ing desa Tlahap kecamatan Kledung. Ing wektu iku, sineksen gunung sindoro sumbing kang agung, ugo angin kang semilir sasat nggowo kidung katresnan, ana ing sikepku kowe kondo.

"Maaas, adek cinta banget leh njenengan mas, mas janji nggeh mboten bakalan ninggalke adek! ". Kondomu sinambi ngacungke jenthik nyang aku, tondo ngajak ngiket janji prasetyaning ati.

"Inggeh sayang, mas janji tansah tresno lan sayang marang slirahmu ndugh, mas bakalan njagani sucining tresno niki ngantos tekaning pati, mas janji". Nyawijining jenthikku lan jenthikmu iki nglambangke uga manunggaling rasa katresnanku lan katresnanmu.

Sedina sasat sewarsa, seminggu sasat sewindu, pancen kaya iki yen ati lagi ngerindu, saben wengi tansah ra hiso turu, brontak ing ati pingin nyanding sliramu, iyo pancen namung kowe cah ayu, kang biso anggawe bahagianing awakku.

(#belum_ada_konflik_Bcouse_masih_Latihan_kata_katanya)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar